Entri Populer

Jumat, 24 Februari 2017

PECEL

Sego pecel....

  • Jenis panganan sing terkenal ndek daerah jawa timur....khusus e mediun. Nah,,,,menu iki sak jane simple banget. Sego putih, kulupan, sambel kacang d lawuh i peyek, tempe, ndok bahkan krupuk yo masuk2 wae. Panggah enak(dasar e keluwen sih) 😬😬😬. Jenis kuliner iki g bakal ambyar d terak perkembangan jaman. Koyoto....wartel sing wis ilang pamor e semenjak ono HP. Padahal mbyen wartel iki wis wahhhhhh biiianget. Jaman soyo maju, teknologi sing wis gak update juga bakal d tinggal. Bedo karo sego pecel. Ket jaman mbah buyut ku, sego pecel wis familiar. Saben deso ono sing bakul. Nek masalah laris ora ne y tergantung lah ya.... angger bakul e mbak2 sik nom tur ayu lak yo laris. Senajan rasane ra karu2an. Wkwkwkkwkw. Selain kanggo sarapan, pecel yo iso di gado( nek gak ngerti gado yo d ganyang) jo mbok kiro gado2....mentang2 mbahas bab panganan terus arahmu neng gado2. 😒😒😒 . Sak jane sego pecel iki prospek e apik. Tp cewek2 saiki luwih sreg sekolah duwur,,,title e rentengan, nek g S.Pd moh...nek g dadi bidan moh....nek g dadi polwan moh....nek dadi wong kantoran moh.... nek g dadi.....ah terusno dw lah. Misal e wae yo, iki ngomong karesidenan mediun. Cewek ayu, sopan, resikan ngladeni sego pecel+teh anget utowo kopi! Modal mesem karo muni monggo mas di dahar..... di jamin mbalik neh sing tuku. Bahkan mbendino. Jajal itung2an kasar ae ya. Sedino ngladeni wong 20, berarti 20x7rb(sak ngombene) wis 140rb minggu pertama. Wong 20 iki mau masing2 ngajak konco anyar pengen ngrasakne eseman karo suoro monggo mas didahar. Dadi minggu ke-2 malih 40x7rb wis 280rb. Minggu k-3 ono kemungkinan maneh 80x7rb wis 560rb. Minggu k-4 160x7rb wis 1.120rb. Kui per hari ne saben minggu.
  • Minggu pertama, 7dino x 140rb
  • Minggu k 2, 7dino x 280rb
  • Minggu k 3, 7dino x 560rb
  • Minggu k 4, 7dino x 1.120rb
Jupuk no kalkulator q neng ngisor tumbu jare....wayah e ngitung bathi ki. Muheheheheh
  1. 7x140=980rb
  2. 7x280=1.960rb
  3. 7x560=3920rb
  4. 7x1.120=7.840rb
Total e 14.700.000.
Ongko sak mene iki anggep lah laba resik 40% berarti 5.880.000. Hasil sak mene iki kanggo kelas mediun wis ampuh ra karu2an. Tapi nyapo kok seneng men dadi karyawan toko, melu wong, pabrikan, jogo counter to mbakkkkkkkk mbakkkkkkkk??? Kene dadio bojo q tak warah i carane....ckckckkckck 😬😬😬 just kidding mbak 😅😅😅. Kadang yo nelongso ndelok sarjana2 muda pontang panting nglamar i kerjo g ono panggilan. Melas e rekkkkkk...... heheheheheh piss✌✌. Apik kok dadi wong kantoran, dadi pns, guru sukuan, pokok selama iku positif monggo di telateni dw2. Aq tak nelateni mencintaimu wae mbak....iyaaaaa.....kaaamuuuu... bakul pecel sing mesem +muni monggo mas di dahar. Gkgkkgkggkgkgkg😅😅😆😆😆. PNS ancen oke, tp pengusaha luwih keren.....luwih2 pengusaha ne cewek, ayu, sopan tur sexy. T wehi jempol sak akeh2 e 👍👍👍👍👍👍👍.